Penulis Utama : Ghania Nihlah Aryakhyy
NIM / NIP : B0116029
×

Abstrak

Prekawis ing panaliten inggih menika: 1) Punapa kemawon wujudipun basa wonten ing Tradhisi Pitu Sendhang ing Desa Tegalwaton Kecamatan Tengaran Kecamatan Tengaran Kabupaten Semarang?; 2) Kados pundi makna kulturalipun wujud basa wonten ing Tradhisi Pitu Sendhang wontening Desa Tegalwaton Kecamatan Tengaran Kecamatan Tengaran Kabupaten Semarang?; 3) Kados pundi tradhisi ritual wontening Pitu Sendhang ing Desa Tegalwaton Kecamatan Tengaran Kecamatan Tengaran Kabupaten Semarang?.
    Ancasipun panaliten inggih menika: 1) Medharaken wujudipun basa wonten ing salebeting Tradhisi Pitu Sendhang Desa Tegalwaton Kecamatan Tengaran Kabupaten Semarang. 2) Medharaken makna kulturalipun ingkang sesambetan kaliyan Tradhisi Pitu Sendhang Desa Tegalwaton Kecamatan Tengaran Kabupaten Semarang. 3) Medharaken wujudipun tradhisi lan ritual ingkang wontening Pitu Sendhang Desa Tegalwaton Kecamatan Tengaran Kabupaten Semarang.
    Metodhe ingkang dipunginakaken ing panaliten punika inggih menika deskriptif kualitatif. Sumber data punika wujudipun wonten kalih inggih menika data primer lan data sekunder. Sumber data primer inggih menika awujud lisan ingkang sesambean kaliyan pitung sendhang ing Desa Tegalwaton asalipun saking narasumber ingkang sampun kapilah. Sumber data sekunder awujud panaliten ingkang asalipun saking buku-buku kaliyan panaliten ingkang sampun kalaksanakaken sesambetan Pitu Sendhang ing Desa Tegalwaton. Pangempalan data menika ngagem wawancara kaliyan informan inggih menika juru kunci, utawi tokoh-tokoh masyarakat, saklajengipun dipunrekam kaliyan catat. Metodhe ingkang dipunginakaken inggih menika metode distribusional kagem nganalisis wujud-wujud basa wonten ing salebeting tradhisi pitu sendhang wonten ing Desa Tegalwaton ingkang awujud polimorfemis lan monomorfemis  lan metodhe padan ingkang jenisipun metodhe referensial kagem nganalisis makna leksikal lan kulturalipun. Metodhe penyajian data menika ngagem metodhe formal kaliyan informal.
Asiling analisisipun data saking panaliten ingkang sesambetan kaliyan pitu sendhang wontening Desa Tegalwaton wonten 31 data ingkang awujud data verba kaliyan nonverbal ingkang dipunteliti ngagem leksikal, lan  makna kulturalipun pitu sendhang menika nggadhai kaginaanipun, sejarah, manfaat kagem masyarakat Desa Tegalwaton lan tiyang-tiyang ingkang  taksih percaya kaliyan sendhang menika. Saengga dipuntemokaken tradhisi lan ritual ingkang taksih dipercaya lan taksih diyakini ngantos sakniki.

Tembung wos: Basa wonten ing salebeting tradhisi, pitu sendhang, Tengaran Semarang, Etnolinguistik

×
Penulis Utama : Ghania Nihlah Aryakhyy
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : B0116029
Tahun : 2020
Judul : Bahasa dalam Tradisi Terkait Tujuh Sendhang di Desa Tegalwaton Kecamatan Tengaran Kabupaten Semarang
Edisi :
Imprint : Surakarta - Fak. Ilmu Budaya - 2020
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS - Fak. Ilmu Budaya, Jur. Sastra Daerah - B0116029 - 2020
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Drs. Yohanes Suwanto, M.Hum.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Ilmu Budaya
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.