Penulis Utama : Nugraha Bektya Jatmika
NIM / NIP : B0116046
×

Abstrak

P?rkawis ingkang dipuntaliti salêbêting panalitèn punika inggih punika 1) Kadospundi teks Sêrat Dyamasastra ingkang dipunangg?p l?r?s saha r?sik saking kal?patan miturut tata cara panalitèn filologi? 2) Kadospundi sinkretismê ingkang kaêmot salêbêting Sêrat Dyamasastra?
Panalitèn punika ancasipun 1) Ngandharakên suntingan teks Sêrat Dyamasastra ingkang dipunangg?p l?r?s lan r?sik miturut tata cara panalitèn filologi. 2) Mratelakak% dan sinkretisme ingkang kinandhut salêbêting Sêrat Dyamasastra.
Wujuding panalitèn ingkang dipun-ginakak% dan inggih punika panalitèn deskriptif kualitatif kanthi jinis panalitèn library research (panalitèn pustaka). Data primer wonten ing panalitèn punika inggih punika Sêrat Dyamasastra koleksi R?ksapustaka, Pura Mangkun?garan kanthi nomor katalog lokal A12. Salajengipun, dipunpanggihak% dan 2 teks ingkang arupi asil alih aksara saking naskah kanthi nomor katalog PB C.55 ingkang sampun ical. Kekalih teks punika kasimpên wonten ing Museum Sanabudaya Yogyakarta kanthi nomor katalog lokal PB E93 lan Perpustakaan Fakultas Sastra Universitas Indonesia kanthi nomor katalog PW. 17 G174. Kêkalih teks punika bot% dan dipundadosak% dan data primer nanging dipundadosaken data sekunder awit namung arupi teks dados bot% dan sag?d dipunp?sthèkak% dan teks punika asli punapa bot% dan. Teks Sêrat Dyamasastra ngêmot isi bab ngèlmu kalêpasan ingkang gêgayutan kalawan Kitab Jitabsara, kitab ingkang ngêmot bab dumadosipun t?tuwuhan, kewan lan manungsa, bab kawont% danan, sifat dhasar manungsa lan asal-usulipun. Sasanèsipun Kitab Jitabsara, ugi dipuns?batak% dan Kitab Manikmaya, Kitab ingkang isinipun babad ingkang dipunwiwiti saking Sayid Anwar, putunipun Nabi Adam.
Teknik pangempalan data dipunwiwiti saking inventarisasi, fotografi digital lan transliterasi. Teknik analisis data panalitèn punika kaperang dados kalih perangan, inggih punika 1) Sajian data kanthi cara filologi kanthi ngginakak% dan kritik teks supados sag?d ngr?sikak% dan teks saking kalepatan angg% danipun ny?rat lan anggènipun nyunting teks ngginakak% dan metode standar (metode kangge naskah tunggal). 2) Sajian analisis isi dipunlampahi kanthi njlèntrèhak% dan isinipun naskah SD arupi unsur-unsur agami ingkang kaêmot salêbêting teks Sêrat Dyamasastra.
Dudutan saking panalitèn ingkang sampun dipunlampahi 1) Dipunpanggihak% dan 33 varian, lakuna 5 varian, adisi 7 varian, hiperkorek 6 varian, subtitusi 4 varian, transposisi 7 varian lan ditografi kathahipun 4 varian. Salaj% dangipun inggih m% danika nyunting lan ngaturakên aparat kritik supados ngasilak% dan suntingan teks ingkang r?sik, sarta sag?d dipuntangg?ljawabak% dan kanthi ilmiah. 2) Kajian isi salêbêting naskah Sêrat Dyamasastra ngêmot kathah unsur agami ingkang lumampah sêsandhingan tanpa ngaj% dangak% dan salah satunggaling agami ingkang dipunangg?p l?r?s piyambak. Salêbêting pat?monipun unsur-unsur agami punika wont% dan proses sinkretisme, ingkang dipunwawas minangka asil saking toleransi masarakat Jawi ingkang nampi sakathahing unsur agami ingkang lum?b?t lan salaj% dangipun dipuncundhukak% dan kalihan agami ingkang sampun wont% dan. Unsur agami ingkang dipunpanggihi salêbêting Sêrat Dyamasastra arupi kawontenan paraga-paraga ingkang dipunanggêp suci saking 4 agami ag% dang, inggih punika Sang Hyang Bathara Guru satêdhak turunipun, Yesus, lan ugi Nabi Muhammad. Wujudipun sinkretisme kagambaraken saking Asmara % dan?m inggih punika andharan bab kawujudanipun paraga-paraga suci sarta têgêsing kawontenanipun salebeting indra manungsa kadosta ati, lathi, drana, lan sapanunggalanipun. M?dharak% dan paraga-paraga suci punika ingkang dipunsamekak% dan dening sakathahing versi, kados ta maringi nama kanthi versi Arab lan Buddha.

T?mbung wos: Serat Dyamasastra, Sinkretisme Jawa, Hindu-Buddha, Kristen, Islam.

 

×
Penulis Utama : Nugraha Bektya Jatmika
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : B0116046
Tahun : 2020
Judul : Serat Dyamasastra (Suatu Tinjauan Filologis dan Kajian Sinkretisme)
Edisi :
Imprint : Surakarta - Fak. Ilmu Budaya - 2020
Program Studi : S-1 Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS - Fak. Ilmu Budaya, Jur. Sastra Daerah - B0116046 - 2020
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Dra. Endang Tri Winarni, M.Hum.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. Ilmu Budaya
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.