Penulis Utama : Evi Diah Puspitasari
NIM / NIP : K4213030
×

Panaliten punika nggadahi ancas kangge mangertosi lan ngandharaken: (1) l?lewaning swara; (2) l?lewaning tembung; (3) l?lewaning basa; (4) citraan; sarta (5) relevansi lirik lagu crita rakyat wonten salebeting lirik lagu Jawa tema cerita rakyat penembang Waljinah minangka bahan ajar bahasa Jawa wonten SMA.
    Panaliten punika awujud deskripsi kualitatif kanthi ngginakaken metode analisis dokumen. Sumber data wonten ing panaliten punika awujud dokumen inggih punika lirik lagu Jawa tema cerita rakyat penembang Waljinah, informan inggih punika: dwija basa Jawa, siswa kelas XI, lan ahli sastra. Teknik subjek panaliten wonten ing panaliten punika ngginakaken purposive sampling. Teknik ngempalaken data ingkang dipun-ginakaken analisis dokumen kaliyan wawancara. Teknik analisis data wonten ing panaliten punika ngginakaken model analisis interaktif ingkang arupi sekawan komponen inggih punika: pengumpulan data, reduksi data, penyajian data, penarikan simpulan.
    Adhedhasar asil panaliten salebeting lirik lagu Jawa tema cerita rakyat penembang Waljinah saged dipundamel dudutan: (1) l?lewaning guru swara salebeting lirik lagu Jawa inggih punika purwakanthi guru swara (asonansi), purwakanthi guru sastra (aliterasi), purwakanthi lumaksita lan rima sempurna; (2) l?lewaning tembung salebeting lirik lagu Jawa inggih punika tembung konotatif, kata konkret, campur kode, kata ganti (khas) utawa sapaan, tembung kawi, tembung garba, tembung plutan, lan tembung saroja; (3) l?lewaning basa salebeting  lirik lagu Jawa inggih punika simile, metafora, personifikasi, repetisi, lan anafora; (4) citraan salebeting lirik lagu Jawa inggih punika citraan penglihatan, citraan pendengaran, lan citraan gerak. Analisis punika saged dipun ngginakaken dados bahan ajar wonten ing pembelajaran bahasa Jawa SMA kelas XI semester II.

 

×
Penulis Utama : Evi Diah Puspitasari
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : K4213030
Tahun : 2018
Judul : Analisis Stilistika Dalam Lirik Lagu Jawa Bertema Cerita Rakyat Penembang Waljinah Serta Relevansinya Sebagai Bahan Ajar Apresiasi Sastra Jawa Di Sekolah Menengah Atas
Edisi :
Imprint : Surakarta - FKIP - 2018
Program Studi : S-1 Pendidikan Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS-FKIP-Prodi Pendidikan Bahasa Jawa-K 4213030-2018
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum
2. Prof. Dr. Suyitno, M.Pd.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. KIP
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.