Penulis Utama : Mega Anjasmoro
NIM / NIP : K4213050
×

Abstrak

Panaliten punika nggadhahi ancas kangge mangertosi lan ngandharaken: (1) lêlewaning swara; (2) lêlewaning tembung; (3) lêlewaning basa; (4) citraan; (5) nilai pendhidhikan budi pekerti wonten salebeting antologi geguritan Sangarepe   Kabah   anggitanipun  Nyitno   Munajat;   sarta   (6)   relevansinipun antologi geguritan Sangarepe Kabah minangka bahan ajar basa Jawa ing SMP.
Panaliten punika awujud deskriptif kualitatif kanthi ngginakaken metode analisis dokumen. Sumber dhata wonten ing panaliten punika awujud dokumen, inggih punika antologi geguritan Sangarepe Kabah anggitanipun Nyitno Munajat lan informan inggih punika: dwija basa Jawa, siswa kelas VIII, lan ahli sastra. Teknik  ngempalaken  dhata  ngginakaken  studi  kapustakan  lan  wawan pangandikan   kaliyan   narasumber   sarta   uji   validitas   dhata   ngginakaken triangulasi teori lan triangulasi sumber dhata. Teknik analisis dhata wonten ing panaliten  punika  kanthi  model  analisis  interaktif  ingkang  kapantha  dados sekawan komponen, inggih punika: ngempalaken dhata, seleksi dhata, penyajian dhata, lan penarikan simpulan.
Asil analisis dhata inggih punika, mupangatipun lêlewaning swara wonten ing antologi geguritan Sangarepe Kabah anggitanipun Nyitno Munajat inggih punika purwakanthi guru swara (asonansi), purwakanthi guru sastra (aliterasi), pisonansi, lan rima sampurna. Mupangatipun lêlewaning tembung inggih punika tembung konkret, tembung konotatif, tembung serapan, tembung  panyapa, lan tembung awon. Lêlewaning basa nyakup majas simile, metafora, personifikasi, alegori, sinekdoki, repetisi, paralelisme, hiperbola, litotes, klimak, antitesis lan asidenton. Citraanipun inggih punika paningal, pamireng, pangganda, panggrayang, lan pangosik. Nilai pendhidhikan budi pekerti wonten salebeting antologi  geguritan  Sangarepe  Kabah  anggitanipun  Nyitno  Munajat  punika relevan menawi dipundadosaken bahan ajar basa Jawa ing SMP.


Tembung Wos : stilistika, budi pekerti, antologi geguritan, bahan ajar

×
Penulis Utama : Mega Anjasmoro
Penulis Tambahan : -
NIM / NIP : K4213050
Tahun : 2017
Judul : Kajian Stilistika dan Nilai Pendidikan Budi Pekerti dalam Antologi Geguritan Sangarepe Kabah Karya Nyitno Munajat Serta Relevansinya sebagai Bahan Ajar Bahasa Jawa Siswa Kelas VIII SMP
Edisi :
Imprint : Surakarta - Fak. KIP - 2017
Program Studi : S-1 Pendidikan Sastra Jawa
Kolasi :
Sumber : UNS-Fak. KIP Jur. Pendidikan Bahasa Jawa-K4213050-2017
Kata Kunci :
Jenis Dokumen : Skripsi
ISSN :
ISBN :
Link DOI / Jurnal : -
Status : Public
Pembimbing : 1. Dr. Djoko Sulaksono, S.Pd, M.Pd.
2. Budi Waluyo, S.S, M.Pd.
Penguji :
Catatan Umum :
Fakultas : Fak. KIP
×
File : Harus menjadi member dan login terlebih dahulu untuk bisa download.